5.4.08

SENDEKALA

- Manjing-manjing, mengko dighawa Kalongwewe!


Wayahe srengenge alon-alon kanclep

Wayahe reramen bocah mingslep

Wayahe pelataran umah nyenyep


Reramyang dhlanggung

Wong lanang mbendhol sarung

Mata kotok padha bingung


Ayam-ayam wis laka

Bebek-bebek wis laka

Sepi lithi


Belih, ding ! Lha kae

Bocah cilik rewel mlayu-mlayu digedhag tambah adoh

Tidak ada komentar: