Minggu esuk. Srengenge mestine wis nongol wayah semene, jam
enem kurang setitik. Padahal Jum’at
wingi pucukeng kelapa jam semene kuning meling kenang sorotane srengenge sing
wetan, saiki boro-boro pucukeng kelapa, langite be kelawu, malah enggal ireng.
Mata dadi bener-bener sepet ndeleng jabaneng umah. Apa maning latar teles, sisa
udan lagi mbengi.
Dietung-etung saiki memang esih wayahe rendeng, tapi rendeng
apa ketiga saiki dirasakena laka bedane. Menekena mbuh wis pirang taunan,
kayane musim ora teratur maning tekane. Sing donge rendeng , mestine udan teka awan bengi seringe malah
laka udan sampe lemahe nela. Donge ketiga malah udan sering dur-duran sampe
rong minggu laka pedote. Wong tani bener-bener ora bisa niteni musim maning
kaya jaman gemien. Jarene alam wis ora bersahabat karo manusia.
Kaya esuk minggu kiye, rencana kayane bakal bubar kabeh,
gara-garane udan sing ber-beran rong dina menekena. Awit tengah wengi malem Saptu sampe esuk saiki udan kaya ora ana mandege, cilik gede cilik gede. Saiki
bisa darani mandeg udane, tapi ngadangi nganggo tangan esih bisa dirasakena
tibaneng banyu. Anget pisan ari ngadangane ning ingsore wit-witan, kemretoseng
banyu sing pucukeng godong ditanggung bisa ndadekena pundak mrekecet, kaya mrekecete ati mbayangena Jakarta banjir.
“Primen kiye Jo, sidane!?” Asem, gawe kaget bae bocah. Ora
ngas ora ngos ujug-ujug nggentak bae karo ngeplak pundak.
“Dobol!!!”
“Hahahaha... Sori pren, tak kira indra penciumane ente esih
tajem. Apa esih esuk dadi stelane dikendoni, sampe ana lakone teka ora
keambon?” Kodir sing esih kridongan sarung bener-bener ngakak ndelengena aku
kekageten. Aku sing lagi njangur ning
jendelanan bener-bener ora ngrasakena ana wong teka.
Kodir sing umahe pas mburi umahe enyeng wis biasa ora awan ora bengi bludas-bludus manjing-metu nang umahe. Kanca cilik awit lagi tretean kiye embuh kenang apa sampe saiki karo enyong kayong kaya soulmate. Sering tukaran, tapi biasane ora suwe keplak-keplakan maning. Awit esde kelas siji sampe esempe sakelas terus ora pernah pisah, tembe pas esteem ngerasakena dipisah kelas.
Kodir sing umahe pas mburi umahe enyeng wis biasa ora awan ora bengi bludas-bludus manjing-metu nang umahe. Kanca cilik awit lagi tretean kiye embuh kenang apa sampe saiki karo enyong kayong kaya soulmate. Sering tukaran, tapi biasane ora suwe keplak-keplakan maning. Awit esde kelas siji sampe esempe sakelas terus ora pernah pisah, tembe pas esteem ngerasakena dipisah kelas.
“Primen, sida mangkat ora?”
“Mbuh lah!” sakenane bae aku njawab.
Ana rencanane dina kiye Aku, Kodir karo Wasto pan mangkat
ning Jakarta. Wis seminggu direncanakena. Mbuh pan apa ning Jakarta, durung jelas pan nyambut
gawe apa pan andon turu, tapi wis dadi kebiasaan ari lagi bosen anggur-angguran
ning desa playone paling ning Jakarta. Perkara ning Jakarta mung andon lekoran
ora dadi soal, daripada nganggur ning umah katon wong tua dipaido terus.
Wis umum bocah nom-noman kaya aku ning desa kene gawene
mondar-mandir Jakarta kampung. Bosen
glundang-glundung ning kampung melayu nang Jakarta. Sumpeg ning Jakarta balik nang desa. Hasile laka.
Paling diganyami wong tua karo dadi omonganeng
tangga kiwe tengen sing pada bae laka pegaweane. Mbuh, apa memang jamane
apa kepriben, wong nganggur ora nang kana ora ning kene pating klumprah ora
karuan kaya barang loakan ning Tanah Abang.
Menekena wis limang taun aku lulus sekolah es-te-em. Tak
rasakena wis ora bangga maning pernah sekolah sampe semono. Gemiyen waktu
jamane sekolah, tak eling-eling sering petentang-petenteng nganggo seragam
sekolah ning dalanan, pasti rumangsane hebat nemen waktu kuwe. Sampe rong taun
sawise lulusan esih ana rasa bakal urip
kepenak bisa kerja ning sing dikepengini.
Gemiyen tak bayangena bisa kerja ning pabrik mobil, gajihe gede
disenengi bocah wadon ayu ning endi bae. Tapi urip jebul dudu karepe dewek.
Saiki aku wis ora nggenah tujuan uripe. Kepenginan kerja
ning pabrik mobil wis laka, kerja saketemune esih isin, anget pisan saiki akeh
majikan sing ngremehena pegawene, hawane dadi serba salah. Pernah aku kerja
ning bengkel tahan kur limang wulan. Kerja sing esuk sampe maghrib dibayar
telungatus ewu sewulan, entek nggo ngrokok tok. Akhire tak pikir mendingan
nganggur, mangan esih bisa mangan, ngrokok ketemu batir ora kurang.
Soal wong tua, tak pikir-pikir melasi. Isin sih isin kayane
nduweni anak kerjane tetongkrongan ora nggenah. Tapi bocah sing sekolane pada
bae kaya aku nganggur ning desa kene kemrayak, dadi tak rasakena bisa nggo
maklume. Alasane jaman lagi susah.
“Mana macul mbuh apa ning sawah, lulusan es te em mbuh apa, yong wong tani ya
laka salahe urip ning sawah.” Bapane aku pernah ngomong kaya kuwe mbuh ping
pira, tapi saiki wis bosen kayane, aku memang males-malesan ari dikongkon ning
sawah. Dipikir-pikir sih, pantes bae manggul pacul, tapi ari pas lagi macul
akeh sing moyoki rasane mbati gawe dugal.
“Ari ora kepengin kerja ning sawah ya luruh kerja apa mbuh
apa, aja kayong katone ora ndueni kepenginan kaya kuwe. Ora melas karo wong
tua?” Biasane angger manene aku ngomong kaya kuwe kerasa nemen ning ati, tapi
pan kerja apa bener-bener kayane laka sing tak kepengini. Kerja ora kerja tak
pikir laka bedane.
"Nang tipi britane Jakarta saiki pada bae lagi udan-udanan terus. Engko klelep maning kontrakane Ripin kaya wingi. Primen sida mangkat ora?"
"Wislah, turu maning bae!"
"Nang tipi britane Jakarta saiki pada bae lagi udan-udanan terus. Engko klelep maning kontrakane Ripin kaya wingi. Primen sida mangkat ora?"
"Wislah, turu maning bae!"
3 komentar:
articelnya sangat bermanfaat mas untuk menambah pengetahuan salam kenal
sama sama. masa bermanfaat sih?
ijin menyimak aja gan, artikelnya panjang soalnya kwkw
Posting Komentar