27.3.14

Ora Rendeng Ora Ketiga

Minggu esuk. Srengenge mestine wis nongol wayah semene, jam enem kurang setitik. Padahal Jum’at wingi pucukeng kelapa jam semene kuning meling kenang sorotane srengenge sing wetan, saiki boro-boro pucukeng kelapa, langite be kelawu, malah enggal ireng. Mata dadi bener-bener sepet ndeleng jabaneng umah. Apa maning latar teles, sisa udan lagi mbengi.


Dietung-etung saiki memang esih wayahe rendeng, tapi rendeng apa ketiga saiki dirasakena laka bedane. Menekena mbuh wis pirang taunan, kayane musim ora teratur maning tekane. Sing donge rendeng ,  mestine udan teka awan bengi seringe malah laka udan sampe lemahe nela. Donge ketiga malah udan sering dur-duran sampe rong minggu laka pedote. Wong tani bener-bener ora bisa niteni musim maning kaya jaman gemien. Jarene alam wis ora bersahabat karo manusia.

Kaya esuk minggu kiye, rencana kayane bakal bubar kabeh, gara-garane udan sing ber-beran rong dina menekena. Awit tengah wengi malem Saptu sampe esuk saiki udan kaya ora ana mandege, cilik gede cilik gede. Saiki bisa darani mandeg udane, tapi ngadangi nganggo tangan esih bisa dirasakena tibaneng banyu. Anget pisan ari ngadangane ning ingsore wit-witan, kemretoseng banyu sing pucukeng godong ditanggung bisa ndadekena pundak mrekecet, kaya mrekecete ati mbayangena Jakarta banjir.

“Primen kiye Jo, sidane!?” Asem, gawe kaget bae bocah. Ora ngas ora ngos ujug-ujug nggentak bae karo ngeplak pundak.

“Dobol!!!”

“Hahahaha... Sori pren, tak kira indra penciumane ente esih tajem. Apa esih esuk dadi stelane dikendoni, sampe ana lakone teka ora keambon?” Kodir sing esih kridongan sarung bener-bener ngakak ndelengena aku kekageten.  Aku sing lagi njangur ning jendelanan bener-bener ora ngrasakena ana wong teka.

Kodir sing umahe pas mburi umahe enyeng wis biasa ora awan ora bengi bludas-bludus manjing-metu nang umahe. Kanca cilik awit lagi tretean kiye embuh kenang apa sampe saiki karo enyong   kayong kaya soulmate. Sering tukaran, tapi biasane ora suwe keplak-keplakan maning. Awit esde kelas siji sampe esempe sakelas terus ora pernah pisah, tembe pas esteem ngerasakena dipisah kelas.

“Primen, sida mangkat ora?”

“Mbuh lah!” sakenane bae aku njawab.

Ana rencanane dina kiye Aku, Kodir karo Wasto pan mangkat ning Jakarta. Wis seminggu direncanakena. Mbuh  pan apa ning Jakarta, durung jelas pan nyambut gawe apa pan andon turu, tapi wis dadi kebiasaan ari lagi bosen anggur-angguran ning desa playone paling ning Jakarta. Perkara ning Jakarta mung andon lekoran ora dadi soal, daripada nganggur ning umah katon wong tua dipaido terus. 

Wis umum bocah nom-noman kaya aku ning desa kene gawene mondar-mandir  Jakarta kampung. Bosen glundang-glundung ning kampung melayu nang Jakarta. Sumpeg  ning Jakarta balik nang desa. Hasile laka. Paling diganyami wong tua karo dadi omonganeng  tangga kiwe tengen sing pada bae laka pegaweane. Mbuh, apa memang jamane apa kepriben, wong nganggur ora nang kana ora ning kene pating klumprah ora karuan kaya barang loakan ning Tanah Abang.

Menekena wis limang taun aku lulus sekolah es-te-em. Tak rasakena wis ora bangga maning pernah sekolah sampe semono. Gemiyen waktu jamane sekolah, tak eling-eling sering petentang-petenteng nganggo seragam sekolah ning dalanan, pasti rumangsane hebat nemen waktu kuwe. Sampe rong taun sawise lulusan esih ana rasa bakal  urip kepenak bisa kerja ning sing dikepengini.  Gemiyen tak bayangena bisa kerja ning pabrik mobil, gajihe gede disenengi bocah wadon ayu ning endi bae. Tapi urip jebul dudu karepe dewek.

Saiki aku wis ora nggenah tujuan uripe. Kepenginan kerja ning pabrik mobil wis laka, kerja saketemune esih isin, anget pisan saiki akeh majikan sing ngremehena pegawene, hawane dadi serba salah. Pernah aku kerja ning bengkel tahan kur limang wulan. Kerja sing esuk sampe maghrib dibayar telungatus ewu sewulan, entek nggo ngrokok tok. Akhire tak pikir mendingan nganggur, mangan esih bisa mangan, ngrokok ketemu batir ora kurang.

Soal wong tua, tak pikir-pikir melasi. Isin sih isin kayane nduweni anak kerjane tetongkrongan ora nggenah. Tapi bocah sing sekolane pada bae kaya aku nganggur ning desa kene kemrayak, dadi tak rasakena bisa nggo maklume. Alasane jaman lagi susah.

“Mana macul mbuh apa ning sawah,  lulusan es te em mbuh apa, yong wong tani ya laka salahe urip ning sawah.” Bapane aku pernah ngomong kaya kuwe mbuh ping pira, tapi saiki wis bosen kayane, aku memang males-malesan ari dikongkon ning sawah. Dipikir-pikir sih, pantes bae manggul pacul, tapi ari pas lagi macul akeh sing moyoki rasane mbati gawe dugal. 

“Ari ora kepengin kerja ning sawah ya luruh kerja apa mbuh apa, aja kayong katone ora ndueni kepenginan kaya kuwe. Ora melas karo wong tua?” Biasane angger manene aku ngomong kaya kuwe kerasa nemen ning ati, tapi pan kerja apa bener-bener kayane laka sing tak kepengini. Kerja ora kerja tak pikir laka bedane.

"Nang tipi britane Jakarta saiki pada bae lagi udan-udanan  terus. Engko klelep maning kontrakane Ripin kaya wingi. Primen sida mangkat ora?"

"Wislah, turu maning bae!"

3 komentar:

Unknown mengatakan...

articelnya sangat bermanfaat mas untuk menambah pengetahuan salam kenal

Muhammad A Vip mengatakan...

sama sama. masa bermanfaat sih?

Dary SEO mengatakan...

ijin menyimak aja gan, artikelnya panjang soalnya kwkw